1. Abang- abang lambe = guneme mung lamis
Aku duwe kanco sing jenenge Teni. Senengane mamerke keduwehane donyane bapakke. Kasunyatane Teni anake wong sing ora mampu.
2. Adhang- adhang tetese embun = njagakake barang mung sakoleh- olehe
Pak Suta anggenipun nyambut damel mboten ngoyo namung percadhos dateng peparingipun ingkang damel gersang.
3. Adol lenga kari busik = dum dum barang, nanging sing andum ora oleh bagean
Dina iki aku mara ana ing omahe budeku amarga budeku muleh saka Saudi Arabia nglaksanakna Haji. Titi diutus budeku ngedumi oleh- oleh marang tangga- tangga. Sa’wise oleh- oleh didumaken, Titi nyuwun oleh2. Anamung oleh- olehe wis entek. Budeku kasupen bagi oleh- oleh kanggo Titi.
4. Ana daulate ora ana kabegjan = arep nemu kabegjan ning ora sida
Putranipun Pak Sarto pikantuk kabar menawi badhe dipun angkat dados pegawai. Jebulipun mboten sios awit kelintu naminipun.
5. Ana catur mungkur = ora seneng nyampuri urusaning liyan
Bu Sadian mboten remen mirengaken pacelathon ingkang mboten sae
6. Ana gula ana semut = panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani
Biasanipun tiyang ingkang sugih katah ingkang ngombyongi
7. Anak- anakan timun = wong kang ngepek bojo anake upon
Pak Harjo sekaliyan dangu mboten kagungan putra. Mundhut putra angkat putri. Mboten let dangu, Bu Harjo sedo. Pak Harjo lajeng mundhut garwa putra angkatipun kala wau.
8. Anak polah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake
Si Rini kepingin gadah sepeda motor kados kanca- kancanipun. Bapakipun kapeksa sade lembu kangge numbasaken.
9. Ancik- ancik pucuking eri = tansah was sumelang
Rino nindakaken pedamelan awrat lan katah bebayanipun
10 Anggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi
Si Asim menika lare ingkang mboten saget nyimpen wewados. Awit menawi dipun critani bab wewadi, mesti dipun crita- critakaken tiyang sanes.
11 Angin silem ing warih = tumindhak ala kanti sesidheman
Bu siti mboten remen kalihan tangganipun ingkang sugih. Piyambakipun ngawon- ngawonaken menawi perhiasan ingkang dipun agem tangganipun menika imitasi.
12 Arep jamure emoh watange = gelem kepenake ora gelem rekasane
Pak Radi mboten purun sesarengan nyambut damel rekaos nanging sareng sampun wonten asilipun, nyuwun bagian ingkang sami.
13. Asu munggah ing papahan = wong ngrabeni tilas bojone sadulur tuwa
Aku duwe paklik. Asmanipun Paklek Toyyib. Kagungan garwa ingkang asma Bulik Jarmi. Kinten2 sampun sepuluh taun ingkang bale wisma, sampun diparingi momongan telu.
Ora let suwe Bulik Jarmi sedo. Kinten2 kaleh taunan Paklik kepingin nikah maneh kersane saget ngopeni putra- putrane. Pikantuk persetujuan keluarga, paklik dijodohake kaleh adikkipun Bulik Jarmi.
14 Ati bengkong oleh oncong = wong duwe niyat ala oleh dalan
Si Tono nalika ulangan badhe ngepek jawaban. Malah dipun turuni kancanipun.
15 Awak pendhek budi ciblek = wong cilik tur asor bebudene
Budi anake wong sing ora mampu. Ing sekolahan mesti Budi gawe perkara. Saben dina dihukum guru. Nang omah bapake mikir kok sifate Budi nganti ngono. Piye carane sifate Budi ben iso mari?
16 Bebek diwuruki nglangi = wong pinter diwulang mesti bisa
Sarti ing sekolahane entuk rangking 1. Dina iki ana pelajaran matematika. Pak Guru maringi soal. Sa’kelas sing iso njawab mung Sarti amarga saben bengi Sarti sinau lan saben diwulang Pak Guru, Sarti mesti bisa.
17. Cedhak celeng boloten = cedhak karo wong ala bakal katut ala
Taun iki Adi mlebu SMP. Ing SMP, Adi entuk kanca sing jenenge Murbi. Semenjak kancanan karo Murbi, muleh saka sekolah mesti sore padahal sa’durunge kancanan karo Murbi mulehe sekitaran jam 2 awan. Ora let suwe, dungu kabar menawi Adi didalke soko sekolah amarga ngrokok lan seneng nyolong.
18 Mbaguguk ngutha waton = mbangkang marang pamarentah
Saben taun masyarakat diwajibaken bayar iuran pajek tanah. Tanggaku Pak Suta tiang sugih, anamung tiangipun pelit. Pak Suta mboten purun bayar pajak. Perilaku menika termasuk mbangkang pamerentah lan mboten perlu dipun tiru.
19 Mbarung sinang = nyela-nyela wong guneman
Bengi iki malem minggu. Aku crita2 kalihan ibukku. Ora let suwe adikku teko soko ngaji. Pas lagi crita, adikku nyelak gunemanku kalihan ibuk.
20 Mbondan tanpa ratu = mbangkang marang negara
Rikala tanggal 8 Juli menika wonten Indonesia dianakna’ pemilu presiden. Tiang sa’ Indonesia ingkang umuripun sampun 17 tahun menduwur utawa sampun menikah diwajibaken nyontreng wonten ing pemilu sa’ menika. 20 % tiang Indonesia mboten nyontreng(golput). Tiang ingkang mboten nyontreng menika sami mawon tiang ingkang mbangkang negara.